Selasa, 11 Oktober 2011

Geguritan

mesam mesem sajak nyalawadi
meneng meneng sajak ana sing disimpen
sawang tumrawang sajak kelingan sing ning paran

: ati kemrungsung, nanging lathi ora kawetu
mung donga kang disuwun kanthi saestu
duh Gusti, paringono setyo tuhu



*geguritan : sajak bahasa Jawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar